Kuran - Wikipédia Menyang kontèn Menu pokok Menu pokok lih menyang wilah sisih dhelikaké Pandhu Arah Pendhapa Owahan anyar Warta anyar Kaca anyar Kaca sembarang Kaca mirunggan community Angkringan Paguyuban Pitulung Cithakan Wikipédia Bab Wikipédia Bak wedhi Golèk Golèk Pr…
Kuran - Wikipédia Menyang kontèn Menu pokok Menu pokok lih menyang wilah sisih dhelikaké Pandhu Arah Pendhapa Owahan anyar Warta anyar Kaca anyar Kaca sembarang Kaca mirunggan community Angkringan Paguyuban Pitulung Cithakan Wikipédia Bab Wikipédia Bak wedhi Golèk Golèk Praèn Nyumbang dana Gawé akun Mlebu log Piranti pribadi Nyumbang dana Gawé akun Mlebu log Pratélaning isi lih menyang wilah sisih dhelikaké Wiwitan 1 Terminologi 2 Dasanama Kuran 3 Gegayutanipun kaliyan kitab-kitab sanès 4 Prosés tumuruning 5 Peranganing Kuran 6 Adab Tumrabe Kuran 7 Sajarah Tumuruning Kuran Gulingkan subbagian Sajarah Tumuruning Kuran 7.1 Tumuruning Kuran 7.2 Kodifikasi Kuran lan Ngrembakane 8 Salin basa lan tapsir Kuran Gulingkan subbagian Salin basa lan tapsir Kuran 8.1 Salin basa 8.2 Tepsir 9 Deleng uga 10 Rujukan 11 Pranala njaba Gulingkan daftar isi Kuran 208 basa Acèh Адыгабзэ Afrikaans Alemannisch አማርኛ Aragonés Ænglisc अंगिका العربية ܐܪܡܝܐ الدارجة مصرى অসমীয়া Asturianu Авар अवधी Azərbaycanca تۆرکجه Башҡортса Basa Bali Boarisch Bikol Central Bajau Sama Беларуская (тарашкевіца) Беларуская Betawi Български भोजपुरी Banjar Bamanankan বাংলা བོད་ཡིག Brezhoneg Bosanski Batak Mandailing Буряад Català 閩東語 / Mìng-dĕ̤ng-ngṳ̄ Нохчийн کوردی Corsu Qırımtatarca Čeština Чӑвашла Cymraeg Dansk Dagbanli Deutsch Zazaki Dolnoserbski ދިވެހިބަސް Ελληνικά English Esperanto Español Eesti Euskara Estremeñu فارسی Fulfulde Suomi Võro Føroyskt Français Arpetan Frysk Gaeilge Kriyòl gwiyannen Gàidhlig Galego گیلکی Avañe'ẽ Ghanaian Pidgin ગુજરાતી Hausa עברית हिन्दी Fiji Hindi Hrvatski Hornjoserbsce Magyar Հայերեն Interlingua Jaku Iban Bahasa Indonesia Interlingue Ilokano ГӀалгӀай Ido Íslenska Italiano 日本語 Patois ქართული Qaraqalpaqsha Taqbaylit Адыгэбзэ Kabɩyɛ Kumoring Қазақша ភាសាខ្មែរ ಕನ್ನಡ 한국어 Къарачай-малкъар کٲشُر Kurdî Kernowek Кыргызча Latina Lëtzebuergesch Лакку Лезги Lingua Franca Nova Limburgs Ladin Lombard Lietuvių Latviešu Madhurâ मैथिली Basa Banyumasan Malagasy Олык марий Minangkabau Македонски മലയാളം Монгол ꯃꯤꯇꯩ ꯂꯣꯟ Moore मराठी Кырык мары Bahasa Melayu Malti Mirandés မြန်မာဘာသာ مازِرونی Napulitano Plattdüütsch नेपाली Li Niha Nederlands Norsk nynorsk Norsk bokmål ߒߞߏ Nupe Occitan Oromoo Ирон ਪੰਜਾਬੀ Picard Polski پنجابی پښتو Português Runa Simi Română Armãneashti Русский Русиньскый संस्कृतम् Саха тыла Sicilianu Scots سنڌي Srpskohrvatski / српскохрватски Taclḥit සිංහල Simple English Slovenčina سرائیکی Slovenščina ChiShona Soomaaliga Shqip Српски / srpski Sunda Svenska Kiswahili ꠍꠤꠟꠐꠤ தமிழ் తెలుగు Тоҷикӣ ไทย Türkmençe Tagalog Tolışi Toki pona Türkçe Татарча / tatarça ئۇيغۇرچە / Uyghurche Українська اردو Oʻzbekcha / ўзбекча Tiếng Việt Walon Winaray Wolof 吴语 მარგალური ייִדיש Yorùbá Vahcuengh ⵜⴰⵎⴰⵣⵉⵖⵜ ⵜⴰⵏⴰⵡⴰⵢⵜ 文言 閩南語 / Bân-lâm-gí 粵語 中文 IsiZulu Besut pranala Artikel Parembugan Jawa Waca Besut Besut sumber Deleng sajarah Piranti Piranti lih menyang wilah sisih dhelikaké Laku Waca Besut Besut sumber Deleng sajarah Umum Pranala mréné Owahan magepokan Unggah Pranala permanèn Katerangan kaca Nyitir kaca iki URL cekak Beralih ke parser lama Cithak/kirim Gawé buku Undhuh dadi PDF Vèrsi cithak Ing proyèk liya Wikimedia Commons Wiji Wikidata Praèn lih menyang wilah sisih dhelikaké Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa Kitab al-Qur'an Artikel iki bagéyan saka sèri Islam Rukun Islam Sahadat · Salat · Pasa Jakat · Kaji Rukun Iman Allah · Kuran · Malaékat Nabi · Dina Akhir Qada & Qadar Tokoh Islam Mukamad Nabi & Rasul · Sakabat Ahlul Bait Kutha suci Mekkah ·Madinah · Yérusalem Najaf · Karbala · Kufah Kazimain · Mashhad ·Istanbul Riyaya Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha · Asyura · Ghadir Khum Arsitèktur Mesjid ·Menara ·Mihrab Ka'bah · Arsitèktur Islam Jabatan Fungsional Khalifah ·Ulama · Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti Tèks & Ukum Kuran ·Kadis · Sunah Fiqih · Fatwa · Saréngat Madahab Sunni Kanapi ·Kambali Maliki ·Sapingi Singah Rolas Imam Ismailiyah·Zaidiyah Liyané Ibadi · Khawarij Murji'ah·Mu'taziliyah Delengen uga Gapura Islam Indeks perkara Islam deleng rembug besut Kuran, Al-Qur'an utawa Qur'an (Basa Arab: القرآن) punika kitab sucinipun agama Islam. Umat Islam pitados bilih Kuran punika pucuk lan panutuping wahyu Allah kanggé manungsa. Piwulang punika dipunwulangaken marang Muhammad kanthi lantaran Malaékat Jibril. Manawi dipunrunut saking ngèlmu basa, Kuran punika tegesipun "wewacan" utawi "kang diwaca bola-bali." Ukara punika saking qara'a (قر أ) ingkang tegesipun "maca". Panggianing ukara punika saged dipunmangertosi ing ayat 17 lan 18 Surat Al-Qiyaamah. Kuran Terminologi [besut | besut sumber] Dr. Subhi Al Salih ngandharake tegesé Kuran kanthi makaten: "Kalam Allah kang awujud mukjizat kang lumantar Muhammad kang tinulis ing mushaf (lembaran) lan diriwayatake kanthi mutawatir (terus nyambung kanthi bener) lan yèn maca awujud ngibadah." Déné Muhammad 'Ali ash-Shabuni ngandharake kanthi ukara: "Kuran iku kalam Allah kang tanpa tandhing, tinurunake marang Muhammad pungkasaning para nabi lan rasul, kanthi lantaran malaékat Jibril.as lan tinulis ing mushaf-mushaf kang banjur tekan kita kabèh kanthi mutawatir, lan yèn maca lan nyinaoni bakal dianggep ngibadah, kanthi diwiwiti surat Al-Fatihah lan ditutup surat An-Nas" kanthi katrangan kados ing nginggil punika, Kuran dipunbedakaken kaliyan kitab sadèrèngipun Muhammad, yaiku Kitab Torèt utawa Injil. Dasanama Kuran [besut | besut sumber] Artikel iki bagéyan saka sèri Islam Rukun Islam Sahadat · Salat · Pasa Jakat · Kaji Rukun Iman Allah · Kuran · Malaékat Nabi · Dina Akhir Qada & Qadar Tokoh Islam Mukamad Nabi & Rasul · Sakabat Ahlul Bait Kutha suci Mekkah ·Madinah · Yérusalem Najaf · Karbala · Kufah Kazimain · Mashhad ·Istanbul Riyaya Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha · Asyura · Ghadir Khum Arsitèktur Mesjid ·Menara ·Mihrab Ka'bah · Arsitèktur Islam Jabatan Fungsional Khalifah ·Ulama · Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti Tèks & Ukum Kuran ·Kadis · Sunah Fiqih · Fatwa · Saréngat Madahab Sunni Kanapi ·Kambali Maliki ·Sapingi Singah Rolas Imam Ismailiyah·Zaidiyah Liyané Ibadi · Khawarij Murji'ah·Mu'taziliyah Delengen uga Gapura Islam Indeks perkara Islam deleng rembug besut Ing kitab suci punika ugi wonten katrangan bilih Kuran uga gadhah dasanama utawi sebutan-sebutan sanèsipun. Ing basa Indonésia dipunwastani Sinonim utawi persamaan tembung. Al-Kitab, KS(2:2),KS (44:2) Al-Furqan (kang mbedakake bener luput): KS(25:1) Adz-Dzikr (kang mènèhi pepeling): KS(15:9) Al-Mau'idhah (piwulang/pitutur): KS(10:57) Al-Hukm (aturan/ ukum): KS(13:37) Al-Hikmah (kawicaksanan): KS(17:39) Asy-Syifa' (tamba): KS(10:57), KS(17:82) Al-Huda (pituduh): KS(72:13), KS(9:33) At-Tanzil (kang tinurunake): KS(26:192) Ar-Rahmat (kurnia): KS(27:77) Ar-Ruh (roh): KS(42:52) Al-Bayan (panerang): KS(3:138) Al-Kalam (sabda): KS(9:6) Al-Busyra (kabar gumbira): KS(16:102) An-Nur (cahya): KS(4:174) Al-Basha'ir (pituduh): KS(45:20) Al-Balagh (pawarta) KS(14:52) Al-Qaul (pocapan) KS(28:51) Gegayutanipun kaliyan kitab-kitab sanès [besut | besut sumber] Kuran ugi wonten gayutipun kaliyan kitab saderingipun (Torèt, Zabur, Injil, lan lembaran Ibrahim). Kuran nuntut supados piyantun Islam pitados bilih kitab-kitab punika wonten KS(2:4) Kuran tinitah kanggé ngleresaken lan pamawas kitab-kitab sadèrèngipun. KS(5:48) Kuran dados referensi kanggé ngicalaken sulaya ing antarané rasul-rasul kang béda. KS(16:63-64) Kuran ngleresaken sajarah. Ing kitab pungkasan punika wonten carita-carita ngenani umat lan uga rasul-rasul kapungkur. Ing sawatara carita, wonten ingkang boten sami kaliyan menapa ingkang sinerat ing kitab sanèsipun. Prosés tumuruning [besut | besut sumber] Malaékat nglebetaken wahyu dhateng salebeting manahipun Muhammad. Malaékat memba rupa dados tiyang jaler lan murukaké marang Rasululllah. Wahyu tumurun kados déné thing-thingan lonceng. Malaékat boten memba rupa dados sinten-sinten lan nekani Muhammad kanthi pawakan aslinipun. Peranganing Kuran [besut | besut sumber] Kuran punika sinusun saking 114 pérangan kang sinebut surat utawa surah.Saben surat dipuncacah malih dados sawatara ayat. Surat kang paling dawa inggih punika Al Baqarah (286 ayat) lan paling cekak Surat Al kautsar (3 ayat). Sedayanipun wonten 6236 ayat. Angka punika wonten ingkang béda ing antawisipun ahli satunggal lan satunggalipun, nanging wosipun sami. Umumipun namung prakara sulaya cara ngetangipun kemawon. Surat-surat kang dawa dipunperang malih kanthi sebutan ruku'. Ruku' iku kumpulaning ayat kang ngrembag prakawis tinamtu. Manawi dipilah saking panggènan tumurunipun, Kuran dipunpilah dados kalih: Surat-surat makkiyah lan Madaniyah. Surat Makkiyah inggih punika surat kang wahyune tumurun nalika ing Mekah, déné Madaniyah tumurun ing Madinah. Umumipun, surat Madaniyah langkung dawa tinimbang Makkiyah. Ing pamilahan liyané, Al qur'an dipunpilah dados 30 pérangan kanthi dawaning wos ingkang sami. Pérangan-pérangan punika sinebut jus. Pamilahan punika kanggé nggampilake manawi badhé maos Kuran ing wektu satunggal wulan (30 dina). Wonten malih pamilahan kanthi ngrujuk dawa-cekakeipun: Assab’uththiwaal (pitung surat kang dawa). Inggih antawisipun Surat Al-Baqarah, Ali Imran, An-Nisaa’, Al-A’raaf, Al-An’aam, Al Maa-idah, lan Surat Yunus. Al Miuun, (punjul satus ayat), inggih antawisipun Surat Hud, Yusuf, Mu'min, lan sapiturute. Al Matsaani, (kurang saka satus ayat), inggih antawisipun Al-Anfaal, Al-Hijr, lan liya-liyané. Al Mufashshal, (surat-surat cekak), inggih antawisipun Adh Dhuha, Al-Ikhlas, Al-Falaq, An-Nas, lan liyan-liyané. Adab Tumrabe Kuran [besut | besut sumber] Saderengipun nyenggol utawa nyekel mushaf Kuran, sawijining muslim supados ngresiki badanipun lan kang wigati wudhu langkung rumiyin. Perkawis punika linandhasan tradisi lan interpretasi literal saking surat Al Waaqi'ah ayat 77 dumugi 79. Sajarah Tumuruning Kuran [besut | besut sumber] Tumuruning Kuran [besut | besut sumber] Kuran tumurun kanthi dangunipun 23 taun. Mangsa punika dipilah malih dados kalih: Mekah lan Madinah. Jaman wonten Mekah wekdalipun 13 taun, déné Madinah 10 taun, Dados genep ing 23 taun. Kodifikasi Kuran lan Ngrembakane [besut | besut sumber] Naskah Kuran saka abad ka-7, tinulis ing aksara Hijazi. Miturut saking kalangan Singah, sawatawis sufi, kaliyan sawatawis ulama Sunni, Ali ingkang nata lembaran-lembaran (mus'haf) Kuran kanthi lengkap sasampunipun Muhammad séda. Ing kalangan Sunni, limrahipun, rerangkèn mus'haf punika karakit saé kanthi sesarengan. Sasampunipun 70 sahabat séda ing Perang Yamama, khalifah Abu Bakar mutusaken supados wonten Kuran ingakng rinakit kanthi saé. Ing jaman punika, limrahipun tiyang-tiyang sami nyimpen perthalan-perthalan Kuran, kapisah lan boten runtut. Para hafidz (tiyang ingkang apal Kuran) banjur dipunkempalaken, kalebu Zaid bin Tsabit. Tiyang-tiyang punika banjur ngumpulaken lembaran-lembaran ingkang sumebar ing sadhengah sahabat lan karakit dados satunggal.[1] Naskah Kuran abad ka-9. Ing warsa 650, nalika Islam rumambah ing sakiwa tengenipun lempongan Arab, utamanipun ing Pèrsi, Levant, lan Afrika Lor; Khalifah katelu, Utsma…