Biologi - Wikipédia Menyang kontèn Menu pokok Menu pokok lih menyang wilah sisih dhelikaké Pandhu Arah Pendhapa Owahan anyar Warta anyar Kaca anyar Kaca sembarang Kaca mirunggan community Angkringan Paguyuban Pitulung Cithakan Wikipédia Bab Wikipédia Bak wedhi Golèk Golèk …
Biologi - Wikipédia Menyang kontèn Menu pokok Menu pokok lih menyang wilah sisih dhelikaké Pandhu Arah Pendhapa Owahan anyar Warta anyar Kaca anyar Kaca sembarang Kaca mirunggan community Angkringan Paguyuban Pitulung Cithakan Wikipédia Bab Wikipédia Bak wedhi Golèk Golèk Praèn Nyumbang dana Gawé akun Mlebu log Piranti pribadi Nyumbang dana Gawé akun Mlebu log Pratélaning isi lih menyang wilah sisih dhelikaké Wiwitan 1 Pokok Bahasan Biologi 2 Asal muasal biologi Gulingkan subbagian Asal muasal biologi 2.1 Aristoteles lan biologi 2.2 Pangadegan biologi modhèren 3 Cakupan Biologi Gulingkan subbagian Cakupan Biologi 3.1 Pambagéyan Adhedhasar Golongan Organisme 3.2 Pambagéyan Adhedhasar Organisasi Kagesangan 3.3 Pambagéyan Adhedhasar Interaksi 4 Ugi pirsani 5 Cathetan sikil Gulingkan daftar isi Biologi 255 basa Аԥсшәа Afrikaans Alemannisch አማርኛ Aragonés العربية الدارجة مصرى অসমীয়া Asturianu Авар Kotava अवधी Azərbaycanca تۆرکجه Башҡортса Basa Bali Boarisch Žemaitėška Batak Toba Bikol Central Беларуская (тарашкевіца) Беларуская Betawi Български भोजपुरी Bislama Banjar ပအိုဝ်ႏဘာႏသာႏ বাংলা བོད་ཡིག Brezhoneg Bosanski Batak Mandailing Basa Ugi Буряад Català Chavacano de Zamboanga 閩東語 / Mìng-dĕ̤ng-ngṳ̄ Нохчийн Cebuano Chamoru ᏣᎳᎩ کوردی Corsu Qırımtatarca Čeština Kaszëbsczi Чӑвашла Cymraeg Dansk Dagbanli Deutsch Thuɔŋjäŋ Zazaki ދިވެހިބަސް Ελληνικά English Esperanto Español Eesti Euskara Estremeñu فارسی Suomi Võro Na Vosa Vakaviti Føroyskt Français Arpetan Nordfriisk Furlan Frysk Gaeilge Kriyòl gwiyannen Gàidhlig Galego گیلکی Avañe'ẽ Bahasa Hulontalo ગુજરાતી Gaelg Hausa 客家語 / Hak-kâ-ngî Hawaiʻi עברית हिन्दी Fiji Hindi Hrvatski Hornjoserbsce Kreyòl ayisyen Magyar Հայերեն Արեւմտահայերէն Interlingua Jaku Iban Bahasa Indonesia Interlingue Ilokano ГӀалгӀай Ido Íslenska Medžuslovjansky Italiano ᐃᓄᒃᑎᑐᑦ / inuktitut 日本語 Patois La .lojban. ქართული Qaraqalpaqsha Taqbaylit Kabɩyɛ Gĩkũyũ Қазақша ភាសាខ្មែរ ಕನ್ನಡ Yerwa Kanuri 한국어 کٲشُر Kurdî Коми Kernowek Кыргызча Latina Ladino Lëtzebuergesch Лезги Lingua Franca Nova Luganda Limburgs Ligure Ladin Lombard Lingála ລາວ Lietuvių Latviešu Madhurâ मैथिली Basa Banyumasan Malagasy Олык марий Minangkabau Македонски മലയാളം Монгол ꯃꯤꯇꯩ ꯂꯣꯟ ဘာသာမန် मराठी Bahasa Melayu Malti Mirandés မြန်မာဘာသာ Эрзянь Nāhuatl Napulitano Nedersaksies Plattdüütsch नेपाली नेपाल भाषा Nederlands Norsk nynorsk Norsk bokmål Novial ߒߞߏ Nouormand Sesotho sa Leboa Occitan Livvinkarjala Oromoo ଓଡ଼ିଆ Ирон ਪੰਜਾਬੀ Kapampangan Papiamentu Naijá Pälzisch Polski Piemontèis پنجابی پښتو Português Runa Simi ရခိုင် Rumantsch Română Armãneashti Русский Русиньскый संस्कृतम् Саха тыла ᱥᱟᱱᱛᱟᱲᱤ Sardu Sicilianu Scots سنڌي Srpskohrvatski / српскохрватски Taclḥit සිංහල Simple English Slovenčina سرائیکی Slovenščina Gagana Samoa ChiShona Soomaaliga Shqip Српски / srpski SiSwati Sesotho Seeltersk Sunda Svenska Kiswahili Ślůnski தமிழ் ತುಳು తెలుగు Tetun Тоҷикӣ ไทย ትግርኛ Türkmençe Tagalog Tolışi Toki pona Tok Pisin Türkçe Xitsonga Татарча / tatarça Удмурт ئۇيغۇرچە / Uyghurche Українська اردو Oʻzbekcha / ўзбекча Vèneto Vepsän kel’ Tiếng Việt West-Vlams Volapük Walon Winaray 吴语 Хальмг IsiXhosa მარგალური ייִדיש Vahcuengh Zeêuws ⵜⴰⵎⴰⵣⵉⵖⵜ ⵜⴰⵏⴰⵡⴰⵢⵜ 文言 閩南語 / Bân-lâm-gí 粵語 中文 IsiZulu Besut pranala Artikel Parembugan Jawa Waca Besut Besut sumber Deleng sajarah Piranti Piranti lih menyang wilah sisih dhelikaké Laku Waca Besut Besut sumber Deleng sajarah Umum Pranala mréné Owahan magepokan Unggah Pranala permanèn Katerangan kaca Nyitir kaca iki URL cekak Beralih ke parser lama Cithak/kirim Gawé buku Undhuh dadi PDF Vèrsi cithak Ing proyèk liya Wikipedia Abstrak Wikimedia Commons Wiji Wikidata Praèn lih menyang wilah sisih dhelikaké Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa Artikel iki ditulis nganggo basa krama. Biologi nyinaoni èlmu ngéngingi kagesangan. Saking kiwa nginggil, baktèri Escherichia coli, tetuwuhan pakis, kéwan rusa, gegremet kumbang sungu. Animalia-Bos primigenius taurus Planta-Triticum Fungi-Morchella esculenta Stramenopila/Chromista-Fucus serratus Bacteria-Gemmatimonas aurantiaca (-= 1 Micrometer) Archaea-Halobacteria Virus-Gamma phage Biologi, basa Yunani bio (gesang) + logos (ngèlmu)) punika, ngèlmunipun sadaya prakawis ingkang gesang. Ugi saged dipunwastani "ngèlmunipun kagesangan". Ing jaman rumiyin ngantos taun 1970-nan, dipun-ginakaken istilah èlmu hayat (dipunpendhet saking basa Arab, ingkang tegesipun "èlmu kagesangan"). Pokok Bahasan Biologi [besut | besut sumber] Umumipun pokok bahasan/subyèk Biologi dipunpérang dados 3 pérangan: Manungsa Zoologi/Sato kéwan/Fauna Botani/Tetuwuhan/Flora Zoologi lan Botani punika èlmu bab Flora & Fauna Obyek kajian biologi punika sajatosipun wiyar sanget lan nyakup sadaya makluk gesang. Pramila, dipuntepangi warni-warni cawang biologi ingkang migatosaken sawenèh golongan organisme, kados ta botani, zoologi, lan mikrobiologi. Werni-warni aspek kagesangan ugi dipunkaji. Titikanipun fisik dipunsinaoni wonten ing èlmu anatomi, déné fungsinipun dipunsinaoni wonten ing èlmu fisiologi; Prilaku dipunsinaoni wonten ing etologi, inggih ing mangsa sapunika punapa ing mangsa rumiyin (dipunsinaoni wonten ing biologi evolusioner lan paleobiologi); Kadospundi makluk gesang kacipta dipunsinaoni wonten ing évolusi; Interaksi sesami makluk lan kaliyan alam saubengipun, dipunsinaoni wonten ing èlmu ékologi; Mekanisme pawarisan sipat ingkang migunani tumrap upaya njagi kalangsungan gesang satunggiling jinis makluk gesang dipunsinaoni ing èlmu genetika.enten kang jenengipun mirza Wekdal punika malah sampun ngrembaka pasinaon bab aspek biologi ingkang nyinaoni kamungkinan evolusi makluk gesang ing mangsa ngajeng, ugi kamungkinan wontenipun makluk gesang ing planit-planit sanèsipun bumi, inggih punika astrobiologi. Sementawis punika, tuwuhing tèknologi saged nyinaoni tataran molekul panyusun organisme, wonten salebeting èlmu biologi molekular sarta biokimia, ingkang kathah dipundhukung déning tuwuhing teknik komputasi ing salebeting babagan bioinformatika. Èlmu biologi mawiyar ing abad kaping 19, kanthi èlmuwan ingkang manggihi manawi organisme gadhah karakteristik pokok. Biologi sapunika dados subyèk wulangan ing sekolah lan universitas ing saindhenging donya, langkung saking jutaan makalah dipundamel saben taun ing susunan wiyar jurnal biologi lan kadhokteran.[1] Asal muasal biologi [besut | besut sumber] Aristoteles lan biologi [besut | besut sumber] Èlmu biologi dipunrintis déning Aristoteles, èlmuwan kebangsaan Yunani. Ing tèrminologi Aristoteles, "filosofi alam" punika cabang filosofi ingkang nliti fénoména alam, lan njangkep babagan ingkang sapunika dipunsebat minangka fisika, biologi, lan èlmu pengetauan alam sanèsipun. Aristoteles nglampahi panlitèn sajarah alam ing pulo Lesbos. Asil panlitènipun, kalebet Sajarah Kéwan, Generasi Kéwan, lan Pérangan Kéwan, isinipun sapérangan observasi lan interpretasi, lan ugi wonten mitos lan kaluputan. Pérangan ingkang wigati inggih punika prekawis kagesangan laut. Panjenenganipun misahaken mamalia laut saking iwak, lan mangertosi bilih hiu lan pari punika péranganing grup ingkang panjenenganipun sebat Selachē (selachians).[2] Pangadegan biologi modhèren [besut | besut sumber] Istilah biologi ing pangertèn modhèren katingalipun dipuntepangaken kanthi kapisah déning Gottfried Reinhold Treviranus (Biologie oder Philosophie der lebenden Natur, 1802) lan Jean-Baptiste Lamarck (Hydrogéologie, 1802). Nanging, istilah biologi sajatosipun sampun dipun-ginakaken ing taun 1800 déning Karl Friedrich Burdach. Malah, sadèrèngipun, istilah punika ugi sampun muncul ing sirahan buku Michael Christoph Hanov jilid kaping 3 ingkang terbit taun 1766, inggih punika Philosophiae Naturalis Sive Physicae Dogmaticae: Geologia, Biologia, Phytologia Generalis et Dendrologia. Cakupan Biologi [besut | besut sumber] Pirsani artikel utami Pratélan Cabang-cabang Biologi Sapunika, biologi njangkep babagan akademik ingkang wiyar sanget, gegandhèngan kaliyan babagan-babagan sains sanèsipun, lan asring ditingali minangka èlmu ingkang mandhiri. Nanging, pancabangan biologi mesthi miturut tigang dhimènsi ingkang silih tegak lurus: kaanekaragaman (dhedhasar golongan organisme), organisasi kagesangan (taraf kajian saking sistem kagesangan), lan interaksi (gegandhèngan antarunit kagesangan sarta antawisipun unit kagesangan kaliyan lingkunganipun). Pambagéyan Adhedhasar Golongan Organisme [besut | besut sumber] Makluk gesang utawi organisme manéka warna sanget ragamipun. Taksonomi nyinaoni pripun organisme saged dipunklompokaken dhedhasar kamèmperan lan bènten ingkang dipungadhahi. Salajengipun, kathah golongan punika dipunsinaoni sadaya gatra kagesanganipun, saéngga dipunkenal èlmu biologi tetuwuhan (botani), biologi kéwan (zoologi), biologi gegremet (entomologi), lan salajengipun. Pambagéyan Adhedhasar Organisasi Kagesangan [besut | besut sumber] Kagesangan dumadi ing hirarki ingkang kaorganisasi. Hirarki organisme, saking ingkang paling alit dumugi ingkang paling ageng ingkang dipunsinaoni ing biologi, inggih punika: sel; jaringan; organ; sistem organ; individu; populasi; komunitas utawi masarakat; ékosistem; lan bioma. Kajian-kajian subindividu njangkep biologi sel, anatomi lan cabang-cabangipun (sitologi, histologi lan organologi), lan fisiologi. Pambagéyan langkung rinci ugi mungel dumados. Upaminipun, anatomi saged dipunkhususaken ing saben organ utawi sistem (limrahipun dumadi ing èlmu kadhokteran): pulmonologi, kardiologi, neurologi, lan sapiturutipun). Tingkat supraindividu dipunsinaoni ing ékologi, ingkang ugi gadhah pangkhususan piyambak, kados ékofisiologi utawi "fisiologi lingkungan", fenologi, sarta èlmu prilaku. Pambagéyan Adhedhasar Interaksi [besut | besut sumber] Gegandhèngan antarunit kagesangan ugi antawisipun unit kagesangan lan lingkunganipun dumados ing sadaya tingkat organisasi. Sasanèsipun nyinaoni kagesangan kanthi sapérangan tataran ing nginggil, biologi ugi nyinaoni prakawis-prakawis ing ngandhap kanthi cabang èlmunipun piyambak-piyambak, inggih punika: biologi perkembangan (developmental biology): èlmu ingkang nyinaoni tahap perkembangan makluk gesang (ontogeni) saking tigan ingkang dipunbuahi dados individu; genetika: èlmu ingkang nyinaoni pawarisan keturunan; etologi: èlmu ingkang nyinaoni prilaku makluk gesang; sistematika: èlmu ingkang nyinaoni kaanekaragaman organisme lan gandhènganipun kaliyan rélasi tinentu; ékologi: èlmu ingkang nyinaoni habitat lan interaksi makluk gesang kaliyan lingkunganipun; évolusi: èlmu ingkang nyinaoni éwah-éwahan ingkang dumadi ing makluk gesang; lan ksenobiologi: èlmu pangetauan spekulatif prakawis wontenipun makluk gesang sasanèsipun ing bumi. Ugi pirsani [besut | besut sumber] No portals specified: please specify at least one portal Pratélan Èlmuwan Biologi Asam deoksiribonukleat (DNA) Kéwan Sel Fotosintesis Tuwuhan Taksonomi Virologi / Virus Lelara Cathetan sikil [besut | besut sumber] ↑ King, TJ & Roberts, MBV (1986). Biology: A Functional Ap…