Qortora · Search · Indexed page

jv.wikipedia.orgFetched 2026-08-15T11:12:05Z

Sitologi - Wikipédia

Sitologi - Wikipédia Menyang kontèn Menu pokok Menu pokok lih menyang wilah sisih dhelikaké Pandhu Arah Pendhapa Owahan anyar Warta anyar Kaca anyar Kaca sembarang Kaca mirunggan community Angkringan Paguyuban Pitulung Cithakan Wikipédia Bab Wikipédia Bak wedhi Golèk Golèk…

Open original source · Full cached text

Sitologi - Wikipédia Menyang kontèn Menu pokok Menu pokok lih menyang wilah sisih dhelikaké Pandhu Arah Pendhapa Owahan anyar Warta anyar Kaca anyar Kaca sembarang Kaca mirunggan community Angkringan Paguyuban Pitulung Cithakan Wikipédia Bab Wikipédia Bak wedhi Golèk Golèk Praèn Nyumbang dana Gawé akun Mlebu log Piranti pribadi Nyumbang dana Gawé akun Mlebu log Pratélaning isi lih menyang wilah sisih dhelikaké Wiwitan 1 Prosès-prosès sajeroning biologi sèl Gulingkan subbagian Prosès-prosès sajeroning biologi sèl 1.1 Perobahan protéin 2 Teknik kang digunakna kanggo nyinaoni sèl Gulingkan subbagian Teknik kang digunakna kanggo nyinaoni sèl 2.1 Isolasi sèl 2.2 Pambiakan sèl 2.3 Hibridisasi sèl 2.4 Fraksinasi sèl 3 Uga delengen 4 Pranala njaba Gulingkan daftar isi Sitologi 85 basa العربية Asturianu Azərbaycanca Български বাংলা Bosanski Català کوردی Čeština Cymraeg Deutsch Ελληνικά English Esperanto Español Eesti Euskara فارسی Suomi Français Frysk Gaeilge Galego 客家語 / Hak-kâ-ngî עברית हिन्दी Hrvatski Magyar Interlingua Bahasa Indonesia Ido Íslenska Italiano 日本語 ქართული Qaraqalpaqsha Қазақша 한국어 Latina Lëtzebuergesch Lingua Franca Nova Latviešu Македонски മലയാളം Монгол Bahasa Melayu नेपाल भाषा Nederlands Norsk bokmål Novial Occitan ਪੰਜਾਬੀ Polski پنجابی پښتو Português Română Русский Саха тыла Scots Srpskohrvatski / српскохрватски Simple English Slovenčina Slovenščina Shqip Српски / srpski Svenska தமிழ் తెలుగు Тоҷикӣ ไทย Tagalog Türkçe Татарча / tatarça Українська اردو Oʻzbekcha / ўзбекча Tiếng Việt Winaray 吴语 მარგალური 閩南語 / Bân-lâm-gí 粵語 中文 IsiZulu Besut pranala Artikel Parembugan Jawa Waca Besut Besut sumber Deleng sajarah Piranti Piranti lih menyang wilah sisih dhelikaké Laku Waca Besut Besut sumber Deleng sajarah Umum Pranala mréné Owahan magepokan Unggah Pranala permanèn Katerangan kaca Nyitir kaca iki URL cekak Beralih ke parser lama Cithak/kirim Gawé buku Undhuh dadi PDF Vèrsi cithak Ing proyèk liya Wikimedia Commons Wiji Wikidata Praèn lih menyang wilah sisih dhelikaké Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa Biologi sel (uga karan sitologi, saka basa Yunani kytos, "wadhah") iku èlmu kang nyinaoni sèl. Bab kang disinaoni sajeroning biologi sèl nyakup sipat-sipat fisiologis sèl kaya ta struktur lan organel kang ana ing njeron sèl, lingkungan lan antaraksi sel, dhaur urip sèl, panyigaran sèl lan fungsi sel (fisiologi), nganti patining sel. Bab-bab mau disinaoni ing skala mikroskopik uga ing skala molekular, lan sel biologi nliti organisme mawa sèl tunggal kaya ta baktèri uga sèl-sèl kaspesialisasi ing organisme multisel kaya ta manungsa. Kawruh ngenani komposisi lan cara tandang gawéné sèl wujud babagan paling dhasar kanggo kabèh babagan èlmu biologi. Kawruh ngenani pepadhan lan prabédan ing antarané manéka jinis sel iku babagan wigati mligi kanggo babagan biologi sèl lan biologi molekular. Pepadhan lan prabédan paling dhasar mau nuwuhaké téma pamanunggal, kang mungelaké prinsip-prinsip kang disinaoni saka sawijining sèl diekstrapolasikaké lan digeneralisasikaké ing jinis sèl liya. Panalitèn biologi sèl gegandhèngan raket karo génétika, biokimia, biologi molekular, lan biologi perkembangan. Prosès-prosès sajeroning biologi sèl [besut | besut sumber] Perobahan protéin [besut | besut sumber] Protein disintesis déning ribosom ing sitoplasma. Prosès mau juga dikenal minangka translasi protéin utawa biosintesis protéin. Sawetara jinis protéin, upamané protéin kang bakal digabungaké menyang membran sèl (protéin membran), ditranspor menyang retikulum endoplasma (RE) sajeroning prosès sintesisé lan sabanjuré diprosès ing badan Golgi. Saka badan Golgi, protéin membran bisa ngalih menyang membran plasma (membran sèl), menyang kompartemen subselular liyané, utawa bisa uga disekresiaké metu saka sèl. Retikulum endoplasma bisa dianggep "kompartemen papan sintesis protéin membran", déné badan Golgi bisa dianggep "kompartemen papan pamrosesan protéin membran". Ana aliran protéin semi-konstan liwat kompartemen-kompartemen mau. Protein-protéin kang ana ing RE lan badan Golgi berasosiasi karo protéin-protéin liya nanging tetep ana ing kompartemené dhéwé-dhéwé. Protein-protéin liya "mili" liwat RE lan badan Golgi menyang membran plasma. Saka membran plasma, protéin wusanané diurai manèh ing sajeroning kompartemen intraselular lisosom dadi asem amino-asem amino panyusuné. Teknik kang digunakna kanggo nyinaoni sèl [besut | besut sumber] Isolasi sèl [besut | besut sumber] Sing dimaksud isolasi sèl ya iku prosès panjupukan sawijining partikel sèl saka papan asalé kanggo diteliti luwih jero. Sèl bisa diisolasi saka suspensi jaringan. Isolasi sèl bisa dilakoni nganggo 2 cara, ya iku: 1. Fluorescence-Activated Cell Sorter Prinsip metode iki ya iku migunakaké antibodi kang berikatan karo dat fluoresen kanggo nglabel sèl spesifik. Suspensi sèl diliwataké ing sinar laser lan diwaca déning detektor. Suspensi kang ngandhut sèl diwènèhi sinyal positif utawa négatif gumantung marang selé, ngandhut dat fluoresen utawa ora. Suspensi banjur ngliwati aliran listrik lan dipisah menyang papan miturut muatané. 2. Laser Capture Microdissection Prinsip metode iki migunakaké laser kanggo motong pérangan tinamtu lan mindahaké menyang papan liya, contoné misahaké sèl tumor saka jaringané. Pambiakan sèl [besut | besut sumber] Sawisé diisolasi, sèl dituwuhaké (diperbanyak) nganggo cara in vitro (migunakaké médhia) utawa in vivo (nglibataké sèl urip). Ana 2 macam biakan utawa kultur, ya iku biakan primer lan biakan sekunder. Biakan primer ya iku biakan kang dijupuk langsung saka jaringan organisme tanpa proliferasi sèl kanthi in vitro. Sauntara iku, biakan sekunder ya iku biakan kang dikembangbiakaké saka biakan primer, racaké di-refresh sajeroning jangka wektu tinamtu. Hibridisasi sèl [besut | besut sumber] Sèl hibrid ya iku gabungan loro sèl béda kang dadi siji inti sèl. Tujuan digawé sèl hibrid ya iku kanggo mbentuk antibodi monoklonal. Fraksinasi sèl [besut | besut sumber] Fraksinasi sèl ya iku pamisahan sèl dadi organel lan molekul, biyasa dilakoni karnthi sentrifugasi. Sentifugasi minangka tahap pisanan sajeroning fraksinasi, misahaké organel dhedhasar ukuran lan densitasé. Prinsip sentrifugasi ya iku kanggo ngolèhaké organel kang gedhé, diperlokaké kacepetan sentrifugasi kang alon, lan suwaliké. Uga delengen [besut | besut sumber] Pérangan-pérangan sèl Badan Golgi Flagela Kloroplas Lapisan ganda lipid Membran sèl Mitokondria Nukleus Organel Retikulum endoplasma Ribosom Silia Sitoplasma Sitoskeleton Vesikel Prosès selular Adesi sèl Glikolisis Karusakan sèl Transduksi sinyal Transpor aktif Transpor pasif Pranala njaba [besut | besut sumber] Imunokimia - Hibridisasi In Situ Institute of Molecular and Cell Biology Archived 2005-09-24 at the Wayback Machine. (Lembaga Biologi Sèl lan Biologi Molekular), Singapura Jurnal ilmiah Nature Reviews Molecular Cell Biology Perpustakaan Maya Biokimia lan Biologi Sèl Artikel iki ngandhut saduran saka Science Primer kang diterbitaké déning National Center for Biotechnology Information, minangka terbitan badan pamaréntah Amérikah Sarékat, ana sajeroning domain umum sesuai karo http://www.ncbi.nlm.nih.gov/About/disclaimer.html. Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sitologi&oldid=1649895" Kategori: Biologi sèl Sitologi Kategori ndhelik: Pranala wayback cithakan webarchive Kaca iki pungkasan diowah nalika 06.07, 27 Sèptèmber 2023. Halaman dirender menggunakan Parsoid. Tèks iki cumepak kanthi Lisènsi Atribusi-DumSaèmper Creative Commons; paugeran tambahan bokmanawa uga lumaku. Wacaa Paugeran Panganggo kanggo rerincèné. Niti privasi Bab Wikipédia Sélakan Kontak hukum & keamanan Kodhe Ètik Juru pangembang Setatistik Pranyatan kuki Praèn punsèl Golèk Golèk Gulingkan daftar isi Sitologi 85 basa Tambah rembug